Sakwijine dina ing dukuh wetan kali ana pangeran kusumadya
utawa raja Kediri sing ketemu klenting kuning sing asline putrid teko kerajaan
jenggala sing dikenal jenenge Putri Candra Kirana #flashback Pangeran Kusumadya
ngerti nek awake kudu golek permaisuri kanggo urip saklanjute ing tlatah wetan
kali utawa Kediri.
AAL / P.Kusum : “Patih,patih.. tulung sebarke
marang pelosok – pelosok desa,yen aku lagi golek bojo ya..”
Patih : “Inggih, ndara aku siap!”
Pamflet-pamflet banjur dipasang
karo pating ing ngendi – endi, isine pamphlet ngandaake yen pangeran kusumadya
lagi golek permaisuri, kabeh poro gadis ing dkuh kali kulon gempar, ora
ketinggalan uga anak-anake nyai randha dadapan.
Klenting Biru : “Mbok, simbok.. aku oleh
melu sayembara iki po ora?”
Simbok dadapan : “Oleh tha ya,, cah ayu, kana lho,
ngajakko mbakyu-mbakyumu!”
Klenting Biru : “Nggeh mbok, kula tak
siap-siap luluran riyen!”
Simbok : “Yawis, mengko tak kandane dewe……
klenting ijo! , klenting abang! Mrene nduk.. “
Klenting Ijo : “Wonten napa tha mbok,
kok kayake rada penting?”
Simbok : “Iku lho nduk, ana bocah bagus ing
dukuh wetan kali lagi nganaake sayembar, golek bojo kang jenengane ande-ande
lumut!”
Klenting abang : “Wih, iku spektakuler mbok, aku
pengen fesyel-an ndisik, mbakyu kuwe melu po rak?”
Klenting Ijo : “Ayo ra dek, siap-siap
ndisik, sesok mangkat sing esok!”
Klenting abang : “Aduh, duh, suh mbakkk, aku ora
sabar ketemu bocah bagus kuwi!”
Simbok randha dadapan seneng
ngerti gunemane anak-anake, banjur simbok ngeti Klenting kuning (anak angkate
kang lagi umbah –umbah) ora penak atine yen ora ngandani anake kuwi.
Simbok : “Nduk, klenting kuning!”
Klenting Kuning : “Ngene lho nduk, bocah bagus ing
wetan kali lagi nganaake sayembara. Kowe nek pengen melu, anggero melu, sesok
bareng karo mbakyu-mbakyumu!”
Klenting Kuning : “walah mbok, mboten usah, kula
taksih gadhah pekerjaan dalem ingkang saged dikerjaaken”
Simbok : “Nduk,apa kowe ora pengen tha? Ing kesempatan
iki?”
Klenting kuning : “Mboten usah, mbok, matur suwun”
Simbok : “Iyo uwis lah nduk”
Simbok : “Ngo, bango tong tong, kowe ing
ngendi ?”
ora weruh praupane bango tong tong, (lah dalah ore let suwe
jumedul)
Bango : “ohh, simbok dadapan tho, wonten
napa nggeh?”
Simbok : “ngene lho nak, klenting kuning kuwi
ora gelem melu sayembara sing dianaake pangeran teko seberang, bareng kowe kuwi
sahabate, tulung kowe jakki menawane
gelem?”
Bango : “njeh, siap mbok, niku panic tugas
kulo”
Nyambung sesok-sesok maneh :)
*Cerita ini berbasis imajinasi sendiri :)